SELAMAT DATANG DI HALAMAN PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SETYA AMRIH PRASAJA

Sabtu, 16 Januari 2010

WANWASABHA

Kok Wanwasabhā dudu Wanasaba ?

Tembung Wanwasabhā kuwi sejatiné kanggo ngarani wewengkon tlatah kahyangan Dièng sing adohé saka kutha Wonosobo udakara 26 kilomètèr. Owahé tembung Wanwasabhā dadi Wanasaba sing sakbanjuré katulis mawa éjaan Indonesia dadi Wonosobo, ora ana sing mangertèni. Tembung Wanwa dhéwé nduwèni teges papan, panggonan. Déné Sabhā nduwèni teges kang dituju, kang disaba. Béda adoh tegesé karo tembung Wanasaba.

Kaya kang dakandharaké ing ndhuwur, owahing tembung Wanwasabhā dadi Wanasaba kuwi mbokmenawa amarga keprunguné Wanwa lan sabhā, mula banjur katulis Wanasaba (Wonosobo) nganti tumeka ing saiki.

Manut sakpérangan sumber sejarah, kahyangan Dièng kalebu candi – candiné mbiyèn – mbiyèné minangka pasraman utawa asramaning para mahaguru lam pandhita, papan panggulawenthahing ngélmu agama Hindu. Déné sing yasa candi – candi mau isih trah kraton Mataram Kuna. Wewengkon candi Dièng minangka salah siji wewengkon sing paling tuwa dhéwé umuré tinimbang candi – candi yasané ratu – ratu Mataram kalebu candi Prambanan, Barabudur lan sakpanunggalané.

Bab tegesé tembung mbabad alas

Sajroning ilmu filologi kang naliti babagan serat – serat utawa buku – buku kuna aksara Jawa, tembung mbabad kuwi bisa duwé teges rong perkara. Mbabad kang nyurasa teges lair kuwi tegesé negori wit – witan, déné teges pasemon saka mbabad kuwi bisa uga ngresiki, mbeneraké. Mula ing tulisan iki tembung mbabad sing coba dakandharaké teges kang angka loro. Kaya sing wis dakandharaké ing ndhuwur mau, yèn kahyangan Dièng kuwi wis ana udakara abad – 9 bareng karo wiwit adeging kraton Mataram Kuna, tegesé wewengkon Dièng sakkiwa tengené wektu semana wis wujud tlatah perdhikan sing wis isi lan kaisènan déning jalma manungsa, dadi kaya – kaya klèru yèn wewengkon Wanwasabhā (Wonosobo) wektu sakdurungé abad – 16 kuwi awujud alas gung liwang – liwung. Nalaré, apa ya klakon ana papan percandhèn kang dianggep minangka pasraman lan kahyangan tumrapé wong Hindu ora ana wong – wong sing manggon sakkiwa tengené, banjur sapa lan ana ngendi papan dunungé tenaga – tenaga kasar sing mbangun candi, apa bisa dilaju saka Mataram (Prambanan). Mula panemuku wiwit jaman Mataram Kuna tlatah wewengkon kahyangan Dièng sakkiwa tengené wis wujud wewengkon sing akèh cacah jiwané.

Sakbanjuré ana ing salah siji serat babad Kedhu, mratélakaké, nalika jaman semana kraton Demak Bintara wiwit ngadeg dadi kraton anyar nyirnakaké panguwasané kraton Majapahit tumraping tanah Jawa, para Wali mupakat yèn kepingin kasil ngislamaké wong Jawa kudu bisa ngilangaké pengaruh – pengaruh Hindu salah sijiné ya kang ana wewengkon Dièng, lan Dièng sakkiwa tengené kudu dibabad, sing dibabad ora ana liya ya mung pengaruh Hinduné dadi dudu alas gung liwang – liwungé.

Sunan Bonang banjur utusan santriné loro kang aran Ki Walik lan Ki Karim, kautus supaya bisa mbabad wewengkon Dièng sakkiwa tengené supaya bisa salin agama suci agamaning Rasul yaiku Islam. Santri loro kuwi banjur lumarab tedhak saksanak brayaté tumuju ing wewengkon sakkiwa tengené Dièng, kanthi nganggo sarana dakwah mawa seni budaya tari kang banjur diarani seni tari Lènggèr, sing minangka tembung kerata basa èlinga nggèr, saya suwé akèh kang kasengsem marang agama anyar iki, nanging émané ana siji sing durung bisa salin agama yaiku panguwasa kahyangan Dièng kang peparab Kaladité, mbokmenawa asalé saka tembung kaladitya. Mula kyai Karim banjur tedhak ing Dièng banthah kawruh lawan Kaladité, lan Kaladité asor anggoné banthah kawruh banjur gelem ngrasuk Islam lan peparab Kyai Kaladité, nanging piyambaké banjur moksa lan ninggalké pepèling sing sapa wongè duwé anak rambuté gèmbèl kuwi kudu direksa amarga bocah kuwi isih tedhak turuné Kyai Kaladité.

Wiwit abad – 19 kraton Demak wis lingsir dadi kraton Mataram kang sinigar semangka yaiku wewengkon kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat lan kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing antarané taun 1800-an kahanan tanah Jawa wiwit ana gègèran sing diarani perang Jawa yaiku perangé Pangéran Dipanegara lawan VOC Walanda. Pangéran Dipanegara wiwit nyebar prajurit salah sijiné Tumenggung Kartawasésa sing kautus supaya abebiting lan nglumpukké bala wong – wong sakloré tanah Bagelen, Tumenggung Kartawasésa Banjur tedhak ana ing sakkiwa tengené gunung Sélamanik, mula Tumenggung Kartawasésa uga katelah Tumenggung Sélamanik.

Pangéran Dipanegara kuwi priyayi trahing ngaluhur rembesing madu saka kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, lan manut lakuning sejarah tumindhaké pangéran Dipanegara kuwi disengkuyung déning kraton Ngayogyakarta sing pancèné ora seneng anané panguwasa VOC ing tanah Jawa. Manut perjanjén Giyanti tlatah Sélamanik kuwi pancèn kabawah minangka wewengkon mancanagara kraton Ngayogyakarta,

Sakbanjuré nganti tumeka rikala jumenengan Ki Muhammad Ngarpah kang pinaringan kekancingan asma Tumenggung Secanegara, lan kalilan nguwasani wewengkon Ledhok sakkiwa tengené, mula jumenengan iki kang dadi dhasar adeging Kabupatèn Wanasaba (Wonosobo), menawa manut versi kang kajumbuhaké karo babad Dipanegaran. awit mbiyèné tlatah Ledhok – Wanasaba kabawah ing panguwasaning kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Mula banjur ana unèn – unèn sengkalan miring kang rinengga minangka tetenger adeging Kabupatèn Wanasaba (Wonosobo) kang surasané Pusakaning Dwi Pujangga Nyawiji. Utawa angka taun 1825 Masèhi. Angka taun 1825 kuwi dhasar adeging kabupatén Wonosobo ing Jaman Mataram Islam, banjur apa kelakon yèn tlatah Wonosobo umuré ora mung udakara satusan tahun, nanging malah bisa uga èwon binareng karo adeging wewengkon Dièng minangka pasraman lan percandhèn tumraping Agama Hindu Siwa.


Tidak ada komentar:

Poskan Komentar